Wis makaping-kaping kita maos lan nyurasa pangandikane Gusti Yesus sing dadi paseksine Rasul Mateus (Mateus 25:1-13), yakuwi mujudake pasemon tumrape para wong pracaya sing ngantu-antu bakal rawuhe Sang Kristus sing Kapindho, nganggo semu prawan sepuluh (sing lima wicaksana, sing lima liyane karab bodho). Prawan lima sing wicaksana wis cawis/samekta sangu lenga dimen aja nganti dilahe kentekan lenga, kosok baline prawan lima liyane (sing bodho) babar pisan ora nggagas sangu lenga, mangka bakal rawuhe Sang Nganten durung tamtu wektune. Wekasane kacarita prawan lima sing bodho (kurang wicaksana) mau ora bisa ndherek ngiring Sang Nganten jalaran diyane/dilahe mati kentekan lenga. Rawuhe Sang Penganten ing waosan mau pancen paring gegambaran tumrap para wong pracaya, yen rawuhe Sang Kristus sing kapindho (sing mesthi bakal kelakon) wiwit sakawit ora nate ana sing weruh kapan dina lan wektune.
Adhedhasar pasemone ing ndhuwur kuwi, yektine ana prakara wigati liyane sing bisa dienggo dhasar panggegilut kita, ya kuwi bab bakal timbalane Gusti marang kita sawiji-wiji, ana ing pungkasane urip ing ndonya iki.
Pasamuwan sing ditresnani Gusti Yesus Kristus.
Kaya sing wis kerep kita mangerteni yen saben wong urip iku pancen pinesthi bakal rampung wektune, alias ngajal/mati, yakuwi sawijining pratandha yen wektu kita kanggo peladosan ing jagad iki wis rampung, wis purna, ora bisa dibaleni utawa digetuni. Kuwi ateges, sanadyan kita iki wis kondhang dadi wong pracaya (wong Kristen), urip kita iki sarwa winates, ana petung umure (serba terbatas waktunya). Mangka, kaya pangandikane Yehuwah lumantar sang Juru Mazmur yen uripe manungsa iki rata-rata mung pitung-puluh lawase ( โLaminipun gesang kawula sadaya punika pitung dasa taun, dene manawi kawula sami kiyat, wolung dasa taun, saha ingkang dipun gung-gungaken punika anggenipun nandhang rekaos lan sangsara, amargi lampahipun rikat sanget saha kawula sami kabur sirna.โ- Jabur 90:10). Kuwi sawijining mangsa/umur sing sajake kaya suwe banget, ananging mak jegagik jebul wis nyandhak pitungpuluh tahun umurku (malah ana sing wis luwih saka kuwi).
Sak jrone kita urip salawase iki, prakara apa sing wis kita tindakake sing jumbuh karo dhawuh piwucale Gusti Yesus..? Apa kabeh sing katindakake pancen jebles karo sing dikersakna dening Sang Pamarta kita..?
Pancen ngarep-arep rawuhe Gusti Yesus sing kapindho iku mujudake prakara kang becik lan perlu banget tumrape wong pracaya, ananging yen wektu nalika padha ngarep-arep iki mung dienggo leha-leha lan urip sak karepe dhewe, malah babar pisan ora nggatekna sakehing piwulange Gusti Yesus, njur kepriya yen ing nalika rawuhe mbesuk banjur ndangu marang kita sawiji-wiji : โApa sira isih setya marang Ingsun..?โ, apa maneh yen ana pandangu sing mengkene :โApa sira isih temen lan tuhu dadi murid Ingsun..?โ . Padha elinga sing sapa dadi muride Sang Kristus, kuwi kudu nindakna sabarang dhawuh lan piwucale kaya sing wis di dhawuhake marang para pandhereke.
Yen kita lena lan leha-leha ora nindakna dhawuhe, kepriye atur wangsulan kita ing ngarsane Panjenengane? Mangka rawuhe Gusti Yesus saperlu nimbali bali ing pangayunane iku wektune ora bisa dinyana lan dikira, apa maneh kita ora bisa mbadal-dhawuh kanthi pawadan arep dandani uripe maneh sak durunge katimbalan..? Wis ora ana wektune maneh, Bestie....!!
Mula ayo, sinambi ngantu-antu rawuhi Gusti Yesus, kita sengkud lan taberi nindakna dhawuh piwulange, kareben urip kita iki bisa dadi seksi tumrap kasaenane Sang Kristus marang jagad iki.
Sang Roh Suci mitulungi kita.
Amin.
๐
Mari Berdoa
Tuhan, terima kasih atas firman-Mu yang menjadi pelita bagi langkah kami.
Bantulah kami untuk menerapkan kebenaran ini dalam kehidupan sehari-hari.
Dalam nama Yesus Kristus, kami berdoa. Amin.
๐ข Bagikan Renungan Ini