Renungan Harian

PANGAKSAMA KANG NGERAM-ERAMAKE

📖
Jabur 103:8 - 10
— Firman Tuhan
13 Sep 2026
Urip tentrem-rahayu kuwi sejatine wis diparingake tumrap para manungsa sing pracaya marang Gusti Yesus minangka juru slamete, ewa semana ora kabeh wong pracaya (wong kristen) bisa ngrasakna urip kang tentrem-rahayu mau ana ing uripe. Ya gene kok bisa mengkono, njur bedane apa antarane wong pracaya karo wong sing during pracaya nek uripe adoh saka katentreman rahayu? Jebul ing antarane jalaran tandang-tanduke wong pracaya isih akeh sing ora beda karo tingkah-lakune wong sing durung nampa keslametan saka Gusti Yesus, luwih-luwih babagan aweh pangapura marang sedulure sing tinemu/dianggep duwe kaluputan marang dhewekne. Para kadang patunggilan sing ditresnani Gusti Yesus. Sejatine akeh tuladha sing bisa diconto saka lelakon-lelakon sing kaserat ing kitabsuci, kepriye mungguh carane supaya bisa tumindak sing bener nalika lagi kecenthok atine dening panggawene sedulure/kancane. Ing antarane, yakuwi lelakone Yusuf putrane Rama Yakub patutan karo ibu Rahel, sing uripe kelara-lara lan kesurang-surang jalaran saka pokalgawene para sedulure. Wiwit saka dilebokake sumur, njur di dol marang wong Ismael, nganti tekan ing tlatah negara Mesir lan sak banjure kasengkakake ngaluhur dadi priyagung sing kajen-keringan ing kana. Sanadyan wiwitane uripe kesiya-siya dening para sedulure, malah uga dening para punggawa praja ing Mesir nalika semana, Sang Yusuf jebul babar pisan ora duwe rasa serik utawa kepengin males nindakna piala marang wong sing nate gawe sengsara uripe. Mangkene tembunge marang para sedulure sing padha nglenggana kaluputane : “ Pancen kowe padha ngrantam kang ala marang aku, nanging iku dicipta malih dadi becik dening Gusti Allah, supaya banjur nindakake kang kelakon ing dina iki, mitulungi urip marang bangsa kang gedhe. Mulane aja padha wedi, aku kang bakal nyuk upi panganmu lan uga pangane anak - anakmu. ” Pungkasane lelakon, panjenengane malah bisa dadi jalaran dhumawahe berkahe Gusti Allah marang para sedulure sing nandhang kecingkrangan ing desane. Dak kira pancen ora gampang ngolah-ati kaya sing dilakoni Yusuf, jalaran ngapurani kaluputane liyan iku mung gampang kemucap ing lambe, nanging nyata angel ditindakna apa maneh yen kaluputan sing ditindakna kuwi nuwuhake rasa pingget ing ati, tur dilakoni bola-bali. Lumrahe, banjur padha gawe rancangan kapan lan kepriye carane murih bisane males lan bisa gawe marem atine. Nanging nyata beda banget karo pikirane wong ing jagad iki, jalaran Gusti Yesus malah paring pitedah/tuladha marang para muride (klebu kita para wong pracaya), supaya padha gelem ngapurani kaluputane liyan marang kita tanpa wates (Mateus 18:22 - Paring wangsulane Gusti Yesus: “PituturKu marang kowe: Aja mung ping pitu, malah ngantia ping pitungpuluh ping pitu. ) Sing diwulangake dening Gusti Yesus iku jebles karo sing wis katindake dening Panjenengane nalika tumedhak ing donya saperlu nebus manungsa saka panguwasane dosa, tinebus babar pisan sanadyan dosane manungsa iki tanpa etungan gedhene. Jumbuh karo paseksine Sang Juru Mazmur : “Panjenengane kang ngapura sakehe kaluputanmu, lan maluyakake sakehe lela ramu. Kang ngentas uripmu saka ing kubur, lan makuthani kowe kalawan kadarman lan kawelasan”. Mula ayo para kadang sapatunggilan ana ing Sang Kristus, padha tansah nggladhi ati supaya ora nyimpen kaluputane liyan, murih kita bisaa ngrasakna katentreman-rahayu nalika isih urip ing ndonya iki. Amin.
🙏

Mari Berdoa

Tuhan, terima kasih atas firman-Mu yang menjadi pelita bagi langkah kami. Bantulah kami untuk menerapkan kebenaran ini dalam kehidupan sehari-hari. Dalam nama Yesus Kristus, kami berdoa. Amin.

Renungan Lainnya Kembali ke Beranda