Renungan Harian

KADHAWUHAN MULIHAKE KAHANANE JAGAD

📖
Yokhanan 20:21
— Firman Tuhan
12 Apr 2026
Saka surasane Kitabsuci, kita kabeh padha ngerti lan sarujuk yen biyen nalika dititahake kapisanan dening Sang Yehuwah kahanane jagad sak isine isih sarwa pepak lan becik. Kuwi wis sak mesthine jalaran kahanane sarwa edi lan nengsemake sarta murakabi kabutuhane sakehing titah sing kepareng manggon ana ing kono, embuh kuwi sato kewan apa dene manungsa. Nanging manungsa kadhawuhan ngolah, ngreksa utawa ngrumat kanthi wicaksana (Purwaning Dumadi 2:15), supaya kahanan sing becik lan peni mau tetepa lestari ing selawase. Emane, ing wektu iki kahanan bumi saisine sing becik lan nengsemake mau wis dadi bubrah ora genah, jalaran manungsa kang kaparingan wisesa (kuwasa) kanggo ngrumat malah saiki dadi sumbering karusakan. Olehe ngupakara bumi sak isine mung nggugu sak karepe dhewe, mung nurut kepenginane manungsa kang tanpa wates. Sing padha nduweni panguwasa lan kudune dadiya tuladha rumeksa jagad saisine, malah dadi sumbere karusakane bumi sing dadi tanggungjawabe. Kabeh mau kawiwitan saka dosa sing dilakoni manungsa kapisanan sing ora setya lan tuhu marang dhawuhe Yehuwah, satemah koncatan hikmat lan kawicaksanane Allah sing dibutuhake kanggo ngupakara jagad sak sisine. Pasamuwan sing ditresnani Gusti Yesus Kristus. Kahanan sing sangsaya rusak lan nguwatirake mau wis sak mesthine dadi penggalihane Sang Rama ing swarga, apa maneh bibite karusakan (ya kuwi manungsa) sangsaya suwe sangsaya ndlarung olehe karem gawe dosa ing sakehing tumindake. Mula Panjenengane age-age ngutus marang Sang Putra (Yesus Kristus) supaya tumedhak ing jagad saperlu ngentasake manungsa saka ancamane mati-langgeng, kanthi cara jumeneng dadi babanten (kurban) nyulihi lan nanggung kabeh pituwase dedosa sing wis dilakoni manungsa. Lumantar seda kasalib nganti wungune kuwi bakal ngentasake manungsa saka juranging pati, lan mulihake sesambetane karo Allah Sang Rama temahan bisa nampani urip langgeng, anggere padha gelem mratobat lan pracaya marang Sang Kristus. Nanging, jebul pamratobate manungsa kuwi kudu dilakoni kanthi tuntas, tegese ora mung tumrap sakehing kaluputan sing wis dilakoni ana ing antarane sapepadhane wae, dalah tumindak kang degsiya lan wengis marang alam saisine iki uga mujudake dedosa sing kudu digetune. Yen dilaras kanthi ati sing wening, jumbuh karo pangandikane Gusti ana ing Injil Yokhanan 3:16, kang mangkene surasane : “Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng”, cetha yen sing ditresnani dening Gusti Allah kuwi “jagad sak isine”, klebu kewan lan tetuwuhan sarta bumi sak isine. Nah, prakara siji kuwi sing dilalekake dening manungsa, yen sejatine aku lan panjenengan iki katimbalan lan kadhawuhan rumeksa marang kahanane lingkungan dimen tetepa lestari lan patut dadi papan panguripan sing laras lan nengsemake. Mula kaya sing didhawuhake dening Gusti Yesus sak wuse wungu banjur manggihi para muride sing lagi padha sesingidan jalaran olehe keweden kaancam dening wong-wong sing ora seneng marang para pendhereke Yesus, Panjenengane paring berkah lan uga banjur paring dhawuh supaya padha nindakna dhawuhe Sang Rama, ya kuwi mbabar kabecikan marang alam sakiwa tengene. Dhawuh kuwi mujudake sawijining prakara sing ora kena dilirwakake dening aku lan panjenengan kabeh sing wis manjing pracaya dadi muride Gusti Yesus. Yen nganti dina iki aku lan panjenengan isih nggarap lingkungan sak kepenake dhewe, mbuwang wuh/sampah ing sak enggon-enggon, mbuwang banyu sisa sak kepenake dhewe satemah njalari rusake kauripan iwak ing kali lan segara, lan tumindak ngrusak ing sakiwa tengene, kuwi mujudake dosa ana ing ngarsane Sang Rama. Ayo padha enggal gumregah nindakna dhawuh timbalane Sang Guru Agung, Gusti Yesus Kristus, padha njaga alam ing sakiwa tengen kita murih kahanane dadi luwih asri lan lestari, kanthi urip kang tumata kawiwitan diri-pribadi, sumrambah marang tangga teparo lan sak teruse, nganti kahanan sajagad bisa pulih kaya sing dadi kersane Rama ing Swarga. Muga Sang Roh Suci tansah nganthi urip kita, temah lestari dadi muride Sang Kristus kang sembada. Amin.
🙏

Mari Berdoa

Tuhan, terima kasih atas firman-Mu yang menjadi pelita bagi langkah kami. Bantulah kami untuk menerapkan kebenaran ini dalam kehidupan sehari-hari. Dalam nama Yesus Kristus, kami berdoa. Amin.

Renungan Lainnya Kembali ke Beranda