Renungan Harian

TOYA GESANG (BANYU PANGURIPAN)

📖
Yokhanan 4:10
— Firman Tuhan
08 Mar 2026
Miturut panemune para winasis kang wegig (pinter) ing babagan kasarasane manungsa, ngandharake yen ing njero ragane manungsa sing urip kuwi ana banyu/cairan (getih lan sapanunggalane) udakara 50 – 70% saka bobote manungsa mau. Nalika isih bayi/cilik luwih akeh cairane katimbang yen wis sepuh. Mula becike sangsaya sepuh kudu ajeg njaga kecukupane banyu ing sajroning ragane, tegese aja nganti kurang saka kang diperlokake. Jalaran yen keterusen kurang saka sing dibutuhake bisa nuwuhake prakara sing ndrawasi tumrap kasarasane. Andharan sawetara ing ndhuwur kuwi nuduhake yen banyu mujudake barang sing perlu/penting kanggo njaga kasarasane manungsa urip ing donya iki. Pasamuwan sing ditresnani Gusti Yesus Kristus. Pepanggihane Gusti Yesus karo wong wadon sing asale saka Samaria ing sumur Yakub, mbabar sawijining pangerten yen manungsa urip kuwi ora mung mbutuhake banyu kanggo urip saben dinane ing alam donya iki, nanging paring sesurupan bab perlune manungsa nduweni banyu-panguripan kang bakal nggendheng tumuju ing urip langgeng, tanpa mbedakna asal lan kahanane. Bab kuwi kacetha saka pangandikane Gusti Yesus sing mangkene :“Sapa wong kang ngombe banyu iki bakal ngelak maneh, nanging sing sapa ngombe banyu pawewehKu, bakal ora ngelak ing salawas-lawase. Malah banyu pawewehKu mau ana ing jerone wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka ing urip, langgeng.” Yektine, prastawa wungune Sang Kristus saka antaka (pejah) ora mung mligi kanggo keslametane manungsa, nanging uga mujudake kabar sukarena tumrap sakabehe para tumitah ing alam donya iki. Elinga yen sakawit Sang Yehuwah nitahake jagad saisine iki kanthi becik kahanane, ya lemah kang subur, ya hawa kang seger nyenengake, lan uga banyu kang cukup kanggo sakehing para titah sing mbutuhake kanggo urip. Nanging, amarga saka tumindake manungsa kang nerak dhawuhe Gusti Allah, lan ndlarung nganti tumeka ing wektu dina iki, njalari kahanan kang laras kanggo kabutuhane manungsa sangsaya dadi rusak kahanane, kayata : banyu sing sangsaya angel tinemune ing bumi sangsaya dadi sumber pancakara ing antarane manungsa, lemah dadi cengkar (tandus), binarengan dredah (royokan) ing antarane para bangsa. Paskah sing tansah diantu-antu (dienteni) iku nyatane uga diarep-arep dening jagad saisine sing saiki nandhang karusakan. Mangertiya yen sanyatane wungune Gusti Yesus kuwi uga mbuktekna yen Panjenengane minangka sumbering toya-gesang (banyu panguripan) sing bakal mulihake kabeh kahanan ing jagad bisa dadi becik lan tumata kahanane, lan diparingake kanthi lelahanan kanggo wong sing pracaya. Mula tumrap para wong sing katimbalan lan manjing pracaya marang Panjenenane, ora mung kaparingan pepesthen bakal nampa urip langgeng ing tembe mburi, ananging uga kaparingan (kawaos : kamomotan) kudu nerusna banyu-panguripan (toya-gesang) peparinge Sang Kristus mau marang sapepadhane lan uga titah liyane (alam lan lingkungane) ing bumi iki. Pasamuwane Gusti Yesus (greja) ing ngendiya panggonan, kudu bisa nekseni (dadi seksi) marang para manungsa jaman saiki sing serakah lan degsiya marang alam sakiwa-tengene, yen rawuhe Sang Kristus ing jagad iki uga kagungan karsa mulihake kahanane jagad/alam sing sangsaya mrihatinake kahanane. Ana ing satengahing pahargyan Mangsa Paskah tahun iki, para wong pracaya kudu padha mangertiya yen kabar kabungahan/kawilujengan saka Sang Kristus iku ora mung kanggo manungsa thok, nanging uga kanggo sakehing para titah kagungane. Para wong Kristen sing wis nampa toya-gesang saka Gusti Yesus kudu tetep njaga, ngrumat lan ngupaya murih pulihe kahanan ing jagad iki. Ayo, aja mung meneng wae, aku lan panjenengan kabeh katimbalan supaya nindakna dhawuh timbalane Gusti Yesus. Muga-muga Sang Roh Suci paring pambereg lan semangat marang kita. Amin.
🙏

Mari Berdoa

Tuhan, terima kasih atas firman-Mu yang menjadi pelita bagi langkah kami. Bantulah kami untuk menerapkan kebenaran ini dalam kehidupan sehari-hari. Dalam nama Yesus Kristus, kami berdoa. Amin.

Renungan Lainnya Kembali ke Beranda